Martabak Lebaksiu

 

  1. Mestine wong Tegal wis pada ngerti Martabak. Nang pinggir dalan akeh. Panjenengan ya wis sering mangan martabak oh ya?
  2. Martabak ana loro jenise: martabak manis & martabak telor. Martabak manis diarani martabak terang bulan, soale bentuke bunder.
  3. Martabak asal katane sing Bahasa Arab, “mathobaq“. selain ng Indonesia panganan kiye ana nang Arab Saudi, Yaman, lan Malaysia
  4. “Mathobaq” artine kelipet. Soale bentuke martabak kelipet.Soale nggawene dang wis mateng trus dilipet.
  5. MArtabak telor kuwe campuran endog (biasane endog bebek) karo daging, martabak manis kaya kue isine biasane cokelat atawa keju.
  6. Martabak kuwe panganan khas wong Tegal. Wong Lebaksiu akeh2e pada dodolan martabak, merantau nang kota2 besar sampe luar Jawa.
  7. Critane, taun 1930an, wong nom asli Lebaksiu pada merantau nang kota besar, dodolan panganan karo dolanane bocah cilik.
  8. Ahmad bin Abdul Karim, wong nom sing merantau nang Semarang ketemu wong nom asli India arane Abdullah bin Hasan al-Malibary.
  9. Abdullah atawa Tuan Duloh kue jaman kue pengusaha sing keahliane nggawe panganan saka adonan terigu sing arane martabak.
  10. Saking akrabe, Abdullah dejak Ahmad dolan nang kampunge, Lebaksiu Kidul. Abdullah kenalan karo adine Ahmad sing arane Masni
  11. Singkat ceritane, Abdullah akhire mbojo karo Masni. Dadi Abdullah akhire dari adik ipare Ahmad.
  12. Dullah sukses ngubah martabak sing resep asline, nyesuekna kesenengane wong Indonesia sing seneng sayur ora kakehen daging.
  13. Dullah karo kanca2ne sing asli Lebaksiu ngenalna martabak saben ana pasar malam nang kota-kota gede, khususe nang Pulau Jawa.
  14. Sampe saiki, wong Lebaksiu esih akeh sing merantau nang Jawa, bahkan luar Jawa, dodolan martabak. Dikenale Martabak Lebaksiu.
  15. Saking akehe wong Lebaksiu sing dodolan martabak, digawe Asosiasi Pedagang Martabak & Jajanan Indonesia (Al-Marjan Indonesia).

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.