Tegal Kota Poci

 

  1. Saiki pan dibahas desain sing modele ana tulisan “Poci Tegal”. Kiye gambare. Teapot city van Java.
  2. Tegal identik karo Poci soale wong Tegal seneng nginung teh. Aja ngaku wong asli Tegal angger ora seneng nginung teh. Diseduhe nang poci.
  3. Istilahe moci: teh diseduh nang poci lemah. Nginunge nganggo cangkir lemah sing ana gula batune. NASGITEL (panas, legi, lan kentel).
  4. Kebiasaan moci ana nang ngendi bae nang Tegal: warung2 makan lan lesehan nang pinggir dalan. Misale nang lesehan sepanjang jl A Yani
  5. Panganan apa nggo ngancani moci? “Mangan apa bae cocok nggo ngancani nginung The. Laka pakeme”, jare budayawan Tegal Yono Daryono.
  6. Nang Tegal, panganan nggo ngancani nginung teh misale mendoan, tahu aci, martabak, atawa sate Tegal. Sedep…
  7. Bisane wong Tegal seneng moci? Nah kue, ana sejarahe. Konon wong Tegal kenal teh wis atusan taun. Istilahe sejarah membentuk selera.
  8. Gemiyen Belanda nggawa teh sing Cina. Terus Belanda nerapna tanam paksa maring pribumi. Salah satune nanam teh. Teh sing apik diekspor.
  9. Teh sing kualitase ora apik nggo pribumi. Trus wong Tegal ngenal & akhire biasa nginung teh. Tapi anehe Tegale dewek ora nduwe kebon teh.
  10. Kebon teh misale ana nang telaga renjeng, Bumiayu. Justru nang Tegal malah akeh pabrik teh. Sing terkenal ya Teh Poci karo Teh 2 Tang.
  11. Khas e teh gawean pabrik Tegal ya mambu melatine sing wangi. Angger sedulur2 lewat pabrik 2 Tang nang Adiwerna mesti krasa mambune.
  12. Nah anehe maning, melatine ora ditanam nang Tegal dewek, tapi dipetik sing Pemalang lan Pekalongan. Tapi jare sih saiki wis ana ng Tegal.
  13. Tambah siji maning, angger moci kan nganggo poci & cangkir lemah. Nah kuwe sing nggawe ya dudu wong Tegal tp wong Klampok, Banjarnegara.
  14. Dadi, Tegal kuwe Kota Poci lan Teh, tapi pocine, teh e, karo melatine sing gawe tangga kotane. Kuwe artine Tegal memang pusat kota.
  15. Kesimpulane: makna Poci Tegal kuwe wong Tegal kudu kreatif. Manfaatna sumber daya nang sekitare. Tegal pusat kota dadi wonge kudu maju.
  16. Dilanjutna, moci wis dadi bagian kehidupan wong Tegal sehari2. Ana istilah Cipok = moci karo ndopok.
  17. Budayawan Tegal, Atmo Tan Sidik,”mangan wareg, nyandang rapet, turune anget, wedange buket, pasuduluran kraket” wedang buket = moci!
  18. Aja klalen angger lagi moci aja diaduk gula batune. Ben aja kemanisen. Ndaorakna bae soale banyune wis panas dadi gulane nyampur dewek.
  19. Enake moci ya kue, sangger kari sacuil wedange tambah manis. Angger sampe kemanisen tandane kudu di-jog-i. Sedep ah…
  20. Poci Tegal bener2 mbetahi lan ngangeni. Nang pusat Kota/Kab Tegal ana tugu poci. Kaya Poci, kota/kab Tegal juga mbetahi lan ngangeni.
  21. Kaya kuwe ndisit sedulur2, crita lan makna dibalik desain @KaosTegal. Lain waktu disambung crita liane.

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

This site uses Akismet to reduce spam. Learn how your comment data is processed.